Minggu, Mei 16, 2010

Ngayogjakarto

Sebuah penggambaran kota dalam bentuk lagu merupakan prestasi tersendiri. Lagu yang bagus tentu saja. Setelah Kla Project sukses membuat versi bahasa Indonesia-nya, Genk Kobra bisa membuat versi Jawa yang cukup menggelitik, informatif, dan penuh pesan moral, khas muatan lokal.

Lagu ini sebenarnya sudah lama beredar di telinga. Sekitar 3 tahun yang lalu sudah 'bergentayangan' di kota Jogja, tetapi karena faktor ikatan emosional, lagu ini kembali 'hadir'. Apalagi sekarang kita bisa menikmatinya dalam bentuk audio visual di Youtube.

Agar lebih afdol, kita sebaiknya juga tahu detail liriknya. Sumonggo:

Ngayogyakarta

♪♪ Witing kelopo jawoto ing ngarco podo
sak rukune niki genk Kobra
pancen nyoto kulo saking Surokarto
njlajah nagri Ngayogjakarto

Hegh!…

Ngayogyakarta kuthane aman berhati nyaman
Kota Seniman, Kota Pelajar, lan Kabudayan

Reff:
Malioboro trus ngidul kuwi kraton yogya
Kantor Pos Gedhe, ngarepe Senisono
Ning dhek biyen, saiki wis ora ana
Benteng Vrederburg mbiyen panggonane Landa

Nggolek Gudheg ning Wijilan mesthi ana
Ndelok Munyuk lan Gajah ning Gembira Loka
Arep santai ning laut, bablas kidul kana.
Parangtritis Parangndog, Parangkusuma

Bantul, Praja Taman Sari
Ben ra ucul, ya digondheli
Sleman Sembada, eman-eman marai gela

Reff:
Tuku manuk ning Ngasem sor kulon Cemeti
Kaliurang nggon adem ning lereng Merapi
Cemilane jadah tempe bacem ngangeni
Gua Slarong Ngelingake perang jaman Kompeni

Gadjah Mada IAIN Kalijaga UII
Panggonane wong pinter sing padha studi
Stasiun Tugu, Lempuyangan nggon kreta api
Numpak sepur saka kana tekan endi-endi

Gunung Kidul Handayani
Bacut ucul angel nggoleki
Kulonprogo Binangun
Karo kanca mbok yo sing rukun

Ngayogyakarta kuthane aman berhati nyaman
Kota Seniman, Kota Pelajar, lan Kabudayan

Reff:
Borobudhur, Prambanan kuwi candhi gedhe
Taman Sari pemandhian mung kari bekase
Tari Srimpi lan Gambyong sak gamelane
Yen ditonton mesthi wae yo nyenengake

Dhaerah Yogya ana papat kabupatene
Gunung Kidul, Sleman, Bantul, Kulonprogo batese
Dalad, Sangi, lan Nyothe kuwi basa premane
Yen tak pikir aku mesti kekelen dewe

Sanga Papat, punjul enem,
Menawi lepat, nyuwun ngapunten
Sanga Papat, punjul enem,
Kula niki, lulusan Pakem

Sikil Gudhik, aja dikukur lan dithithil
Tangan reged aja nggo uthik-uthik upil
Sirah mumet lan ngelu padha ngombea pil
Dadi uwong sing pinter aja dadi pokil

Susruk wajan nggo nggoreng krupuk kuwi sothil
Mbok ya anteng tangane, aja padha nggrathil
Benik ucul dondomi ben ora prithil
Dadi uwong sing sugih aja dadi uthil ♪♪

Link video klip: klik sini!
Sumber blog: klik sini!

2 comments:

iam mengatakan...

Wah sayangnya saya gak ngerti bahasa jawa mas >.<

Amad Kocil's mengatakan...

salam kenal....follow blog saya ya,
www.kakang-prabu85.blogspot.com